PEMUT
KANGGO ANAKKU
Ngger
anakku ….
Yen sun
lunga
Elinga..menawa
lungamu ora mung nglungani
Ananging
kanggo netepi
Isih akeh
kang bakal sun enti
Ngger…
Aja pupus pangerep-arep ing dunya
Mesthi akeh kang ngalang-alang
Pancen dunya akeh lan kebak pengisen
Nanging den
elinga…
Menawa
sejatine ing dunya ya
mung ana loro
Ana lanang
ana wadon
Ana pati
ana urip
Ana wengi
mesthi mengko bakal
Arep ana
esuk kang padhang
Wis ngger
anakku
Tansah
elinga…
Mesthi
bakal mulya.
Kalisalak, 1 Nopember 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar