APEL
Rikala aku wis eling
...
Sliramu wus sumanding
Ijo rinasa adem
Abang anggawa gregeting urip
Pahiting urip tinamba ing legimu
Rasa ati ngelus kulit
kang alus
Sengsaya ndadra pangaraping manungsa
Karep akeh andeduweni
Ora cukup sithik kang dimelik
Ijo lan abangmu
wernaning alam donya
Kang kebak pangisen
Awakmu gawe adem lan marem
Ananging saiki wis musna
Landheping gaman kang kebak angkara manungsa
Wis anggawa sirna.
Kober, September 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar