Jumat, 09 Agustus 2013

APEL

Rikala aku wis  eling ...
Sliramu wus sumanding
Ijo rinasa adem
Abang anggawa gregeting urip
Pahiting urip tinamba ing legimu
Rasa  ati ngelus kulit kang alus
Sengsaya ndadra pangaraping manungsa
Karep akeh  andeduweni
Ora cukup sithik kang dimelik
Ijo lan abangmu  wernaning alam donya
Kang kebak pangisen
Awakmu gawe adem lan marem
Ananging saiki wis musna
Landheping gaman kang kebak angkara manungsa

Wis anggawa sirna.


Kober, September 2011
PEMUT KANGGO ANAKKU

Ngger anakku ….
Yen sun lunga
Elinga..menawa lungamu ora mung nglungani
Ananging kanggo netepi
Isih akeh kang bakal sun enti
                Ngger…
                Aja pupus pangerep-arep ing dunya
                Mesthi akeh kang ngalang-alang
                Pancen dunya akeh lan kebak pengisen
Nanging den elinga…
Menawa sejatine ing dunya ya mung ana  loro
Ana lanang ana wadon
Ana pati ana urip
Ana wengi mesthi mengko bakal
Arep ana esuk kang padhang
Wis ngger anakku
Tansah elinga…
Mesthi bakal mulya.



Kalisalak,  1 Nopember 2010