Minggu, 06 Oktober 2013

CELENGANKU
Kober, 1 Mei 2012
Celenganku

Sekethip rong kethip wis  tak gegem
Sabar lan kulina
Eman  yen  dibukak tangan
Mesthi dadi ndadrah
Kabeh dadi polah
bakal ndadekake bubrah
Seperak rong perak mlebu bumbung
Saka kabeh panjangkahku
Saben tabuh wektu
Sithik-sithik anggone nyatu
Awit ya nembe kuwi sing tumuju
Sapa karep ayuh melu
Segelo rong gelo wis tikel dadi sayuta
Mesthi sabar lan temata
Ora gimir karo panggodha
Apa kang dadi panjangkah bakal tumeka
Siji loro wis katon ing mata

Wis ana ing urip kang raharja

Jumat, 09 Agustus 2013

APEL

Rikala aku wis  eling ...
Sliramu wus sumanding
Ijo rinasa adem
Abang anggawa gregeting urip
Pahiting urip tinamba ing legimu
Rasa  ati ngelus kulit kang alus
Sengsaya ndadra pangaraping manungsa
Karep akeh  andeduweni
Ora cukup sithik kang dimelik
Ijo lan abangmu  wernaning alam donya
Kang kebak pangisen
Awakmu gawe adem lan marem
Ananging saiki wis musna
Landheping gaman kang kebak angkara manungsa

Wis anggawa sirna.


Kober, September 2011
PEMUT KANGGO ANAKKU

Ngger anakku ….
Yen sun lunga
Elinga..menawa lungamu ora mung nglungani
Ananging kanggo netepi
Isih akeh kang bakal sun enti
                Ngger…
                Aja pupus pangerep-arep ing dunya
                Mesthi akeh kang ngalang-alang
                Pancen dunya akeh lan kebak pengisen
Nanging den elinga…
Menawa sejatine ing dunya ya mung ana  loro
Ana lanang ana wadon
Ana pati ana urip
Ana wengi mesthi mengko bakal
Arep ana esuk kang padhang
Wis ngger anakku
Tansah elinga…
Mesthi bakal mulya.



Kalisalak,  1 Nopember 2010